Dulu sewaktu sekolah aku sangat kesulitan dalam bahasa jawa khususnya "jowo kromo"..
semoga pidato ini bisa membantu yaa.. :)
semoga pidato ini bisa membantu yaa.. :)
Assalamualaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan Ibu Kepala Sekolah
Ingkang kula kurmati Bapak/Ibu guru
Lan para kanca ingkang kula tresnani.
Puja-puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah. Dene kula lan panjenengan sami saged makempal wonten mriki kagem ngandharaken kawontenanipun kabudayan Jawi ingkang kedah dipun uri-uri. Sajatosipun kita rumaos lingsem sesampunipun mirengaken cariyos ingkang badhe kula andharaken punika. Amargi kita minangka generasi muda awis-awis ingkang nggadhahi raos gandrung tumrap kabudayan kita piyambak.
Kenya Amerika peparap Karen Elisabeth putranipun Pagie Stiper ingkang nate dados dosen tamu wonten UGM. Wiwit timur sampun ketingal remen dhumateng kesenian klasik. Karen medal saking Fakultas Antropologi Budaya AS nerasaken wonten IKIP Malang jurusan sastra lajeng nyinau sastra “Memperdalam ilmu tari” nggabung wonten Padepokan Seni Mangundharmo Malang.
Karen wekdal punika sampun saged ngayahi puluhan beksan kalihan ngripta beksan kados dene Banyumasan, Yogya kalihan Solo. Saking karya-karya wau ingkang damel cingakipun para sutresna kabudayan Jawi, beksan ngremo ingkang karenggan kidungan ciri khas Karen. Beksan ngremo sakawit tumrap Karen dipundadosaken Tayup.
Cekap semanten saking kula. Mugi-mugi sesampunipun mirengaken andharan punika kita sedaya nggadhahi krenteg kangge ngrembakaken kabudayan Jawi ingkang adiluhung. Menawi wonten kalepatan kula tansah nyuwun agunging pangaksami. Nuwun.
Wasalamualaikum Wr. Wb.
Comments
Post a Comment